Selamat Datang Di Blog Sruweng Dan Terimakasih Atas Kunjungannya Semoga Bermanfaat

Minggu, 04 Juli 2010

Niat Silahturahmi

Ketemu maning kalih wong Sruweng saben-saben enyong niliki umahe blogger sruweng mesti aku seneng. Soale apa, lha kanca-kanca blogger kebumen pada rajin. Lha kuwe jajal diwaca ana sing rajin nulis nang bloge dhewek lan uwis dimuat nang majalah malah ana kancaku saudara kang wasim asli desa pengaringan tulisane ya pada kreatif-kreatif lan selalu up date. Cuma enyong kepikiran ya kapan kanca-kanca kabeh padha ngumpul bareng. Misale pas lebaran tahun ngarep apa pas kapan aku wis ngajak karo kang wasim lan sedulur sruweng moga-moga lebaran siki bias pada ketemu lan nimbrung tali silahturahmi.
Enyong sih menyadari, lha awakku dhewek nek lebaran kur sedhela nang sruweng. Tapi nek uwis diniyati mengko mesti ana dalane. Enyong ya menyadari nek kanca-kanca kabeh mesti padha duwe kesibukan dhewek-dhewek. Wadah blogger sruweng, bloger pengaringan dan bloger-bloger kebumen mudah-mudahan bisa nambah tali silaturakhim najan urung tau ketemu, ning nang ati wis padha nyawiji.
Ayo para kanca sing ngaku blogger pengaringan kang wasim, lan bloger sruweng, bloger Kebumen, tulis bae nang group apa nang bloger sing pada due uneg-uneg kanca kabeh, utawa usul apa bae ulih kok, ora usul ya ora apa-apa. Sing jelas gratis ora mbayar. Komentar ora mbayar kok...hehhehee..enyong melu mejeng ben terkenal, sapa ngerti enyong mengko inyong dadi wong sruweng sing bisa berbuat yang terbaik nggo sruweng lan sekitare dadi wis ora keget sebab wis tau mejeng nang bloge wong kebumen, blog pengaringan, lan blog sruweng…asli kecamatan sruweng, mburuh nang Bandung, omahe Desa Condong Campur…penulis mengucapkan terimakasih nggo blog pengaringan online khususnya ngoo kang wasim.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar