Selamat Datang Di Blog Sruweng Dan Terimakasih Atas Kunjungannya Semoga Bermanfaat

Selasa, 04 Mei 2010

Ngapak Kebumen

“Wuih, ketone ngeri temen yah, sing jenenge daerah Kebumen.. Suasanane kaya nang Palestina yah..? Saben dina perang terus ra?” Hehehe.. Ya ora kaya kuwe lah.. Kuwe kan mung judhul ben menarik kang mas lan mba yu dadi gelem maca tulisanku.. Berhasil ora? Kebumen nek ujarku ya daerah ayem2 bae kok, kecuali sing agi pada padhu rebutan lemah, tapi ya mbuh nang ngendhi kuwe.. Aja2 nang daerahe sing agi maca ya? :-)
Oya, deneng dadi ndlewer ngonoh2 yah.. Kembali meng daerah Pergolakan dan Genting.. Ya bener toh, jal saiki meng pasar Tumenggungan, sebelahe tugu lawet. Akeh sing dodol Golak kan?! Mulane cocok disebut daerah pergolakan. Terus kari meng soka. Mesti akeh pabrik Gendheng alias bahasa indonesiane Genting. Kae lah, sing dipasang nang payon umah. Dadi arti judhule Kebumen kuwe daerah sing akeh bakul Golak lan pabrik Genting..
“Asem lah.. Aku kiye agi nang perantauan adoh, agi pengin ngerti keadaan kota Kebumen tersayang malah dikerjain..”. Sory lah sory.. Sory wedhang apa sory banyu ya kena.. Kebumen esih adem ayem bae kok. Wargane padha guyub rukun. Sing padha nang perantauan adoh nyante bae. Kita2 akan jaga kota tercinta deh..
Nah, nek sing urung ngerti Kebumen, kapan2 perlu mampir. Nang kene akeh daerah2 wisata apik. Sing pengin pethakilan ana Gua Jatijajar karo Gua Petruk nang daerah gombong ngulon sethithik. Pengin berjemur kaya turis bisa meng Pantai Petanahan, Pantai Bocor, Pantai Ayah/Logending. 1 jam bae wis geseng lah. Pengin adus banyu anget meng pemandian Krakal. Ajah karo diumbe ya.Pengin weruh waduk ana Waduk Wadaslintang. Kiye waduk isine banyu, udhu wadas, Pengin baling-balangan watu meng Karang Sambung. Ati-ati mengko menjoto. Lengkap khan sing jenenge Kebumen.. Kuwe agi sing terkenal2 thok. Sing ora terkenal esih akeh. Oya, pesenku ming siji, nek nganggo motor ora lengkap spione, apa nganggo spion silik, knalpot bobokan, helm bathok aja liwat tugu lawet. Soale kemungkinan “Kondhangan” meng Mas2 Polisi gedhe banget. Eman-eman lho, 20 ewu kena nggo mbakso karo pacare. Cekap semanten tulisan saking kulo, menawi kathah kalepatan nyuwun pangapuntene mawon.Salam seduluran Komunitas Facebook. Sruweng Kebumen

Tidak ada komentar:

Posting Komentar